Kabar Lelayu Februari 18, 2012
Posted by Mujiono Sadikin in Yang Aku Pelajari, Yang Aku Pikirkan, Yang Sayang Dilupakan.Tags: anak sholeh, brono, donya, karsa, kesabaran, tampi
trackback
Ngaturaken pawarta lelayu kanthi kapundutipun Bapanipun Sedherek Suroso Agus Widodo dhumateng pangayunanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos. Kula sak keluargi, sak brayan, ndherek bela sungkawa kairing doa mugi Almarhum tinampi kanthi rahayu dening Gusti nipun, dipun jembaraken margi nipun, dipun apura sedaya kalepatan ipun, dipun tampi sedaya kesaenanipun.Kagem keluargi ingkang tininggal, muga tansah pinaringan kekiatan, kesabaran, lan ugi ketabahan angadhepi coba menika.
Dene kangge kita ingkang tansih gesang, kapundhutipun almarhum sageta dados pepeling lan kaca benggala.
Hei manungsa padha elinga…
Yen Gusti wis kagungan karsa….
Sira kabeh tan kena semaya…
Gelem ora kudu iya..
Numpak kereta roda manungsa.
Sanak kadang melu ngiring,
Donya brono melu nyandhing.
Nanging ora ana sing melu mlebu.
Kari amal, anak sholeh, lan uga ilmu.
Ingkang ngiring ndherek nunggu.
Pangadilan sing bener lan iso digugu.
Like this:
Be the first to like this post.
Komentar»
No comments yet — be the first.